UPACARA MENGETI HADEGING KLATEN INGKANG KAPING 221 (KALIH ATUS SELIKUR) WARSA 2025 (KALIH EWU SELANGKUNG)

KLATEN HANGESTI TEDJANING JATI

UPACARA MENGETI   HADEGING KLATEN INGKANG KAPING  221 (KALIH ATUS SELIKUR) WARSA 2025  (KALIH EWU SELANGKUNG)
UPACARA MENGETI   HADEGING KLATEN INGKANG KAPING  221 (KALIH ATUS SELIKUR) WARSA 2025  (KALIH EWU SELANGKUNG)
UPACARA MENGETI   HADEGING KLATEN INGKANG KAPING  221 (KALIH ATUS SELIKUR) WARSA 2025  (KALIH EWU SELANGKUNG)
UPACARA MENGETI   HADEGING KLATEN INGKANG KAPING  221 (KALIH ATUS SELIKUR) WARSA 2025  (KALIH EWU SELANGKUNG)
UPACARA MENGETI   HADEGING KLATEN INGKANG KAPING  221 (KALIH ATUS SELIKUR) WARSA 2025  (KALIH EWU SELANGKUNG)
UPACARA MENGETI   HADEGING KLATEN INGKANG KAPING  221 (KALIH ATUS SELIKUR) WARSA 2025  (KALIH EWU SELANGKUNG)
UPACARA MENGETI   HADEGING KLATEN INGKANG KAPING  221 (KALIH ATUS SELIKUR) WARSA 2025  (KALIH EWU SELANGKUNG)
UPACARA MENGETI   HADEGING KLATEN INGKANG KAPING  221 (KALIH ATUS SELIKUR) WARSA 2025  (KALIH EWU SELANGKUNG)

Kecamatan Tulung 28 Juli 2025 , menggelar Upacara Bahasa Jawa dalam rangka memperingati Hari jadi Kabupaten Klaten ke 221 ,mengusung tema " Hangesti Tedjaning Jati " .Tidak hanya pakaian yang digunakan petugas upacara dan peserta upacara yang berpakaian jawa Batik Lurik khas Klaten, namun bahasa yang dipakai dalam upacara juga memakai bahasa Jawa., dari mulai susunan acara , intruksi sampai amanat Bupati Kaupaten Klaten disampaikan  dengan bahasa jawa . Kita kutip amanat Bupati Klaten Hamenang Wajar Ismoyo yang di bacakan oleh Camat Tulung Hendri Pamukas , S.Sos .MM di lapangan SMKN Tulung , di hadiri pula oleh  Forkopincam .

Alhamdulillahirobbil ‘Alamin, pamuji miwah syukur dhumateng Ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, Gusti Ingkang Maha Welas lan Maha Asih, ingkang sampun paring sih rahmatipun, temah wonten ing enjing punika kula miwah panjenengan sedaya saged kempal manunggal “UPACARA nyawiji MENGETI anggelar HADEGING KLATEN INGKANG KAPING 221 (KALIH ATUS SELIKUR) WARSA 2025 (KALIH EWU SELANGKUNG)” kanthi swasana kebak ing kawilujengan lan katentreman. Dhumateng para pinisepuh, para kadang sutresna sedaya warga Klaten ingkang bagya mulya; Mboten karaos Klaten ing dinten punika, sampun jangkep yuswa 221 (kalih atus selikur) 4 tahun. Tartamtu, Kula lan panjenengan rumaos bilih saklaminipun 221 (kalih atus selikur) tahun Kabupaten Klaten nyimpen kathah carios lan sejarah kebaking perjuangan. Pramila, kanthi mengeti Hadeging Klaten ingkang kaping 221 (kalih atus selikur) warsa punika, kula hanggadhahi pangajab dhumateng sedaya pangarsaning praja, para abdining negari, para bayangkari negari miwah warga masyarakat Klaten saged guyub rukun manunggal mujudaken Klaten ingkang Maju, Sejahtera lan Berkelanjutan. Kaleksananipun Visi Kabupaten Klaten punika, kedah sinengkuyung dening sedaya warga ageng Kabupaten Klaten. Sedaya warga Klaten kedah sengkut gumregut makarya. Sedaya abdining negari ugi kedah nyawiji. Para pangarsaning praja kedah saged minangka tepa 5 palupi miwah patuladhan ingkang becik. Para abdining negari kula suwun anjagi pakurmatan diri, nggegulang pakarti luhur maliginipun nalika leladi dhumateng masyarakat. Dhumateng para pini sepuh, para kadang sutresna sedaya warga Klaten ingkang bagya mulya; Kula pitados bilih sesanggeman punika mujudaken jejibahan ingkang awrat. Pramilo Kula nyuwun panyengkuyung donga pangestu, dhumateng sedaya para sesepuh pini sepuh, Bupati Sepuh, Ibu Bupati Senior, Wakil Bupati sepuh, para kadang Forkopimda, para rawuh miwah sedaya warga Klaten. Mugi – mugi , gangsal taun ingkang badhe dhateng kula kaliyan Mas Wakil Bupati saged lumadi kanti sae 6 kalis nir ing sambekala, mujudaken masyarakat Klaten ingkang kuncara hanjayeng bawana. Kula pitados sadhengah titah ingkang teteken kanti tekun, wekasanipun bade katekan punapa ingkang sinedya. Kula ngaturaken panuwun dhumateng para sesepuh pini sepuh , Bupati Sepuh, Bupati Senior, Wakil Bupati sepuh, para kadang Forkopimda, para rawuh miwah sedaya warga Klaten, bilih kula Hamenang Wajar Ismoyo, S.I.Kom kaparingan amanah minangka Bupati Klaten lan Mas Benny Indra Ardhianto S.E.,M.B.A minangka Wakil Bupati Klaten periode Tahun 2025 – 2030 (Tahun Kalih Ewu Selangkung Dumugi Kalih Ewu Tigang Dasa), ingkang sampun winisuda dening Presiden Republik Indonesia – Jenderal TNI Purnawirawan Prabowo Subianto, rikala dinten 7 Kamis Pon Surya Kaping 20 Februari 2025 ( Kalih Dasa Februari Tahun Kalih Ewu Selangkung), wonten ing Istana Negara Jakarta. Kula lan Mas Wakil Bupati hanggadhahi tekad ingkang ageng murih saged mujudaken Klaten ingkang Maju, Sejahtera lan Berkelanjutan. Alhamdulillah, antawis kirang lakung 100 (setunggal atus) dinten Kula lan Mas Benny dados Bupati lan Wakil Bupati sampun hanampi pangaji – aji : 1. Peringkat 2 (Kalih) tingkat nasional babagan Evaluasi Penyelenggaraan Pamarintahan Daerah (EPPD) Warsa 2024 (Kalih Ewu Sekawan Likur) ingkang dipun paringaken ing pengetan dinten Otonomi Daerah ingkang kaping 29 (Sanga Likur) wonten ing Balikpapan; 8 2. Salajengipun ugi hanampi pangaji – aji Top Pembina BUMD wonten ing ajang Top BUMD Awards 2025 (Kalih Ewu Selangkung); 3. BUMD wonten Kabupaten Klaten ugi hanampi penghargaan Top BUMD Bintang Lima; 4. Pamarintah Kabupaten Klaten ugi hanampi Opini WTP Kaping 7 (Pitu) saking Badan Pemeriksa Keuangan (BPK) ingkang sampun kawiwitan saking warsa 2018 (Kalih ewu wolulas) dumugi 2024 (Kalih Ewu Sekawan likur); 5. ugi pangaji – aji Solopos Best Brand and Innovation (SBBI) Awards saking Solopos Media Group; 6. Pangaji – aji saking “detikjateng-jogja Awards 2025 (Kalih Ewu Selangkung)”, 9 apresiasi dhumateng tokoh, institusi, saha komunitas ingkang inovatif lan kontribusi positif kagem Jawa Tengah; 7. Dinten punika, kula ugi badhe kaparingan pangaji – aji saking Jawa Pos Radar Solo minangka tokoh Kepemimpinan Responship hananggapi aspirasi masyarakat; 8. Lan ingkang langkung handamel bombong Pamarintah Kabupaten Klaten sampun tembayatan utawi kerjasama Internasional kaliyan Pamarintah Kabupaten Nanjing, kutha Zhangzhou, Propinsi Fujian, Tiongkok lumantar Program Sister City. Sedaya pangaji – aji punika saged hanambahi greget gregut gumbregahing warga masyarakat Klaten. InsyaAllah badhe wonten malih pangaji – aji lan prestasi sanesipun. 10 Para rawuh lan sedaya pendherek upacara ingkang winantu ing suka basuki; Kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng para kadang panawung kridha ingkang sampun makarya nyamaptaaken upacara punika. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para lenggah, Forkopimda, pangarsa Pamarintah maligi penderek upacara ingkang sampun kepareng hangrasuk busana kejawen lurik kagem mangayubagya hadeging Klaten ing dinten punika. Mekaten ingkang saged kula aturaken, ing pangajab sedaya pakaryan ingkang nembe lan badhe katindakaken wonten ing Pamarintahan Kabupaten Klaten saged nuwuhaken kasil ingkang langkung sae, manfaat, sarta saged 11 mujudaken visi misi Kabupaten Klaten. Sumangga Kula lan Panjenengan sedaya hangantu mangsa ingkang badhe dhateng mugi langkung sumunar KLATEN HANGESTI TEJANING JATI. Sugeng makarya, sugeng hanindakaken gati, mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala tansah hangijabahi sedaya donga miwah panyuwunan sedayanipun. Kirang langkungipun nyuwun agunging pangaksami. 

Demikian kutipan Amanat Bupati Klaten . 

What's Your Reaction?

like
0
dislike
0
love
0
funny
0
angry
0
sad
0
wow
0